Wengi nyenyet
sumilir angin dalu angrantu
ugo gegodhongan lan sato kewan
satemah memuji kinanthi kidung suwung
ngebaki roso kang wus sawetoro
sirno sangking aran manungso
namung wadag kang njugrug katon
koyo gunung kang gundhul tanpo wit-witan
sajroning wengi kang sepi
munggah jumangkah sapucuking giri
mencorong katon kadyo kedhaton
ngaw- awe datan kemlambe
Rabi’ah hyo narpendah
nggugah roso enggal jumangkah
semendhal sajroning ati
mbrebes mili ngajak enggal bali
ndherekke pepujaning ati
mring pangayunaning gusti
lumayu aneng pucuking giri
Kendeng Koyo Ambeng
Nagari kang kawentar ing pangucap
gemah aripah toto tur raharjo
nanging sanyatane mung aran
toto tingalono
tentrem mlempem
kerto tumraping sopo
raharjo kanggone durjono
sawah pategalan dadi rebutan
antarane aktivis lingkungan
dadi pacelathon lan rerasan
gunung Kendeng koyo ambeng
podho reroyokan murih seneng
ora mrayogi kadang tani
sumber-sumber sing padha mati
pengusaha lan panguwoso atine mati
dhuh Gusti kawulo satemah memuji
karaharjan kawibawan kang sejati
nagari kang kawentar gemah aripah loh jinawi
panjang dowo pocapane
punjung luhur kawibawane
ora mung ono lambe
Wengi Kang Cinidro
Rinengkuh dening wengi kang atis
mamring tanpo lintang lan rembulan
peteng dhedhet lelimengan
ora koyo wingi uni
ing wengi kang pungkasan
tak aras pipimu
lan tak kanthi tanganmu
sutro putih kang wus ginelar
katiup angin wengi lir kadyo
tangan widodari ngawe awe
katon wus sirno ing sabar
nganti aku lan sliramu campuh ing roso
nyawiji tunggal roso kinanthi kidung asih
lembar mboko lembar nganti ora kasariran
enggo oncat jiwo kagiring roso
ngulandoro mring kayuwanan
campuh ing roso luluh sampyuh
sirno sampurno nunggal roso
nyawiji siji musno rogo ugo donyo
gumregah langkah mijil janji
ora bakal ninggal mboko siji
wengi kang nganthi aku ugo sliramu nyawiji
nanging jebul janji
kagulung rerupek ati
godo samirono wewangen donyo
wit witan wengi iki katon ngece
kepingkel gumuyu ningali pasuryanmu
kang katon suwung rinangkul pedhut
samar ngemu pitakon
ngelingake janji setyo tuhu
marang wengi kang cinidro
Dewi Kapan Anggonmu Bali
Binarung swaraning gegodhongan
katiyup angin sore
manuk-manuk katon ngiring tejo ing angkoso
bali mulih ono pangiyupane wit gedhe
sepuluh tahun kepungkur
ing bangku taman pojok deso
dadi seksi naliko aku ngucap janji
bakal gegandhengan reruntungan
ing alam bebrayan tumekaning alam kelanggengan
taman iki sepi mamring
mung aku lan roso tresnaku
ugo wewayangan kang sesliweran
nambah soyo petenging atiku
tanpo ukoro tanpo prakoro
sliramu tego nyulayani janji suci
kang tansah tak ugemi
lungamu tanpo paran datan pamitan
sepuluh tahun anggonku ngenteni
dak rewangi kulak warto adol pangrungu
nanging koyo gondho arum rambutmu
kang campuh ing roso sirno ing wujud
lungamu ora bali tumekaning wektu iki
tumekaning pati bakal tak anti
ora bakal sun nyulayani janji
manuk-manuk katon ngiring tejo ing angkoso
bali mulih ono pangiyupane wit gedhe
sepuluh tahun kepungkur
ing bangku taman pojok deso
dadi seksi naliko aku ngucap janji
bakal gegandhengan reruntungan
ing alam bebrayan tumekaning alam kelanggengan
taman iki sepi mamring
mung aku lan roso tresnaku
ugo wewayangan kang sesliweran
nambah soyo petenging atiku
tanpo ukoro tanpo prakoro
sliramu tego nyulayani janji suci
kang tansah tak ugemi
lungamu tanpo paran datan pamitan
sepuluh tahun anggonku ngenteni
dak rewangi kulak warto adol pangrungu
nanging koyo gondho arum rambutmu
kang campuh ing roso sirno ing wujud
lungamu ora bali tumekaning wektu iki
tumekaning pati bakal tak anti
ora bakal sun nyulayani janji
Dewi Pepujaning Ati
Tumetesing embun wengi iki
ora koyo wingi uni
naliko tanganmu tak kanti
miyak petenging ratri
ora kroso luh tumetes ing dadaku
nganti teles kebes ngrasakake
ringkihing ati rogo lan jiwa amargo
rumongso tansah kagodo gumebyaring donyo
duh katresnanku lilanono
aku lungo ngupadi pepadhanging ati
tumungkul nyawiji mrih rahayu jati
ora mung lamis ing sak kebaking lambe
Dewi lilanono
aku pasrah sumarah
karono rumongso wirang
tansah memuji mring gusti
nanging mung ono pucuking lati.
luhmu tumetes ngebaki dadaku kang matu
ewuh oyo pambudimu duh katresnanku
sabar anggonmu leladi ngupadi kamulyan jati
gawang gawang katon pasuryanmu
byar sumunar dadi pepadhanging atiku
peteng gumeleng lelakonku
tanpo sliramu kang tansah dadi pepujanku
Dewi, lungaku ngupadi pepadahang dalan
waluyo jati, jati temah nirmolo.
KENYO NINDYO ING WARNO
lagi wae tumeko tego pamit lungo
mung sasuwene ambarengi condro
nanging arikalane abyor ing cahyo
luwih sampurno tinimbang padhange rembulan
kang mung telung dino ing kasampurnan
durung pupus anggonku mandeng
soho cacedhakan marang sliramu
lan nalikane durung biso ngrasa'ake
yen tekamu ing sandhingku kasunyatan
ugo kangen ono dhodhoku iki yo temenanan
sliramu pamit arep bali
krono wus tumekane titi wanci
namung ninggalake arum gondho melati
sangsoyo gawe sumendhal sajroning ati
dhuh… kenyo kang nindyo ing warno
kapan maneh anggonmu tumeko
nambani tatu kang ono dhodho
karono
mung esemmu kang biso dadi
tombo sakehing leloro
KAGODHO GUMELARING TEJO
mecaki dalan-dalan kang dowo ngalelo
ngulandoro ono koco-koco purwo ing dalan iki rasaku ugo rasamu
kagowo lumayune rodho
ono roso kangen kang nyirep moto
kinanthi gemulunging samudro
kang dumadakan tuwuh ono dhodho
nanging kang dakkanthi iki
dudu sliramu kang tak tresnani
yekti wadon liyo kang kinuswo
ombak segoro soho pangelusing samirono
wus ginurit sajroning buku kang cinidro
nututi playune samirono karono
pangangenmu kang ngulandoro
mupus kekesing mego-mego
kagodho gumelaring tejo-tejo
ing akoso
mecaki dalan-dalan kang dowo ngalelo
ngulandoro ono koco-koco purwo ing dalan iki rasaku ugo rasamu
kagowo lumayune rodho
ono roso kangen kang nyirep moto
kinanthi gemulunging samudro
kang dumadakan tuwuh ono dhodho
nanging kang dakkanthi iki
dudu sliramu kang tak tresnani
yekti wadon liyo kang kinuswo
ombak segoro soho pangelusing samirono
wus ginurit sajroning buku kang cinidro
nututi playune samirono karono
pangangenmu kang ngulandoro
mupus kekesing mego-mego
kagodho gumelaring tejo-tejo
ing akoso
Tinemu Ing Sajroning Roso
ojo kagodho gumebyaring kahanan
soho reridhu wewayangan
pangeluse samirono kang ngemu sanepo
terwoco ing netro
cetho ing talingo
biso ugo mung samudono
ananging roso kang ono dhodho
tinemu ing sajroning gendhing
siyang ratri kang tansah ngiring
soho tembang dolanan
bocah bocah kang gegojegan
ing sapinggire bengawan
WANCINE SENGORO TINARBUKO
Angin sore miyak gegodhongan soho
kembang-kembang kang ono pendhopo
pepaesing kang pinuju muruhito
binarung swaraning poro putri
kekidungan ono ing taman sari
ngelingake wanci ratri purnomo sidi
byar padhang rembulane
wancine kloso soho ubo rampe
ginelar ing oro-oro sengoro
ati kang tinarbuko
supoyo padhang jingglang
oro-oro samun kang kebak
watu-watu soho sato galak
wancine sengoro tinarbuko
Marang Sliramu Dak Titipke Wengi Iki
Pamintaku marang sliramu
pocapane biyen arikalane podho ngangsu
satengahing oro-oro mongso ketigo
songko sepuh naliko paring dhawuh
anggowo kranjang moto ero
reruntungan golek banyu towo
ewuh ayo pambudine poro manungso
ora rumongso anggone kesel ora guno
panase donyo ora diroso
ugo sakehing godho rencono
nanging tumekane candhik olo
pandeng pinandeng ngemu suroso
enggo madyaning ratri
durung tinemu opo kang digolek'i
suworo tanpo rupo dhawuh nyawiji
mring sakabehing ati kang podho marsudi
jumbuh dhawuh poro sepuh
ing kawitan langkah niat jumangkah
marang sliramu dak titipke wengi iki
Mring Ati Kang Wingit Kebak Sesingker
Ngulandoro ing akoso
rinengkuh mego-mego terwoco
sliramu wus tumlawung keduwung
nanging ora ngerti ngendi dalan bali
mring donyo sawiji kang sejati
luh kang tumetes kembeng ono netro
sayekti mung lamis gawe memanis
wengi iki ora bedo wengi kawuri
rikolo aku lan sliramu ngudo roso
miyak ratri jumangkah tetirah
tangismu kang mijil soko ati
rumongso kesrakat prasasat
gilar-gilar gumebyar madhangi
saindhenging wengi kang sepi
wengi iki kartiko ing akoso
katon pucet tanpo greget
sangsoyo gawe ati perih ringkih
karono ora biso ngajak sliramu
bali ninggal bebendu
soho bebarengan maneh ngrasak'ake
banyu towo kang enggo wektu iki
tak simpen ono telenging dhodho
Sirno ono Ngendi Arum Gondho Melati
tumekane ratri ninggalake wengi
durung tinemu gondho wangi kang dak golek'i
tumlawung roso kang ngulandoro ing akoso
angrantu ing wengi kang bakal tumeko
wanuh wani anggolek'i
wewangen kang nyirep ati
kadyo wingi kawuri
nadyan tumekane wengi iki
durung dak mangerteni
sirno ono ngendi arum gondho melati
Kaendahan Kuwi Aran Sepi
Ngubengi lurung lurung suwung
bumi wingit kang kebak sinengker
ngupadi gondho arum wewangen
kang nate mampir ing pangeling
jejogedan pindho widodari
kang tumurun kairing kidung sonyaruri
mbarengi rembulan kang lagi ndadari
sumeblak sampur nyebar arum
gondho melati soho wewangen
kang ora nate dak mangerteni
miyak gondho bacin kang kagowo
angin sore soko lurung-lurung suwung
oro-oro samun
opo yo wangi iki kang sinebut wahyu suci
koyo pocapane poro sepuh kang titi
gati mring kang wujud soho sirri
nanging tumekane wengi kaping telu
ora tinemu nadyan mung wewayangan
kaendahan kang wingi nemahi
Lintang Panjer Wengi Kang Dadi Seksi
Katon kemelip ing akoso
sumunar padhang pasuryanmu
kaapit mego-mego maneko warno
soho lintang lan rembulan
embuh tumeko kapan
angin wengi iki tansah ngancani
anggonku kukuh ngugemi janji
tansah reruntungan lawan sliramu
ngubengi saindhenging wengi
kang nate cinidro ing godho
suworo rikuh gambuh
campuh angreridu
satengahing sembah tetirah
ugo ing wengi sepi iki
rikolo aku lan seliramu
netepi suko lawan padu
sanajan pisah ing wujud
nanging rasaku lan rasamu
tansah rinakut nyawiji
satengahing godho rencono
suworo-suworo kang ngoyoworo
angreridu kadyo gludug tanpo udan
ing kanan lan kering
aku bakal setyo tuhu
mring seliramu netepi janji
sineksen lintang panjer wengi
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.